Nyinau Unen-unen Jawa

 Unen-unen (ungkapan ing basa Indonesia) yaiku tetembungan kanthi teges kang mligi (khusus). Umume dijupuk saka reriptan sastra, nanging wis lumrah digunakake ing basa padinan. Wujude ana telu, yaiku paribasan, bebasan, lan saloka. Bebasan lan saloka sejatine ya paribasan, mung ana bedane sawetara.



Titikane unen-unen arupa paribasan, bebasan lan saloka:

1) carane nyusun tembung, wis gumathok (tetep, ora owah),

2) ana kang nduweni teges entar (kiasan), ana uga kang ateges wantah.

3) wujude ukara utawa kumpulane tembung (frase). 

4) kalebu basa pinathok sajrone kasusastran Jawa. 

5) surasa utawa karepe paribasan uga gumathok, sesambungan karo isining ukara, lumrahe arupa kumpulaning tembung: tetandhingan (perbandingan), pepindhan (perumpamaan), utawa pepiridan (saemper pasemon „samaran‟). 

Tuladhane unen-unen sajroning puisi modern utawa geguritan kanthi irah-irahan Sunan Kalijaga, ing dhuwur

Unen-unen Sajrone Tetembangan

Pranyata, unen-unen kaya dene paribasan mau, uga digunakake ana sajrone tembang (macapat, lan sapanunggalane) lan tetembangan (tembang dolanan)
Ngisor iki, tuladha anane unen-unen sajerone tembang dolanan.

Lir-ilir


Lir-ilir, lir ilir, tandure wis sumilir,
tak ijo royo-royo,
tak sengguh temanten anyar,
Cah angon, cah angon,
penekna blimbing kuwi,
lunyu-lunyu peneken
kanggo masuh dodotira.
Dodotira, dodotira,
kumitir bedhah ing pinggir,
dondomana jlumatana,
kanggo seba mengko sore,
Mumpung padhang rembulane,
mumpung jembar kalangane, 
yok suraka, surak hiya....

Post a Comment

Previous Post Next Post