Kanggo ngerteni teges lan panganggone paribasan, semaken
tuladhane paribasan ngisor iki, kepriye tegese, lan kapan
panganggone. Katrangan ngenani bab mau bisa dijupuk saka
saripatine crita utawa dedongengan ngisor iki.
Kapisan:
Upamane bab paribasan Kacang mangsa ninggala lanjaran.
Paribasan iki sambung karo critane simbahe Bima lan Rini, minggu
kepungkur:
Ana wong sugih, dolan-dolan menyang desa, kepethuk karo
bocah cilik siji, isih wuda mlaku ijen. Wong sugih mau banjur takon
marang si bocah, tembunge: “Thole, kowe anake sapa?”
Wangsulane, ora weruh jenenge bapakne, awit wong tuwane karo
pisan, wus lawas anggone mati, sarta ora ana kang gelem ngopeni
dheweke.
Wong sugih welas marang bocah mau, tumuli digawa mulih.
Si bocah digulawenthah, dijenengake Dite, merga olehe nemu ing
dina Minggu. Sabanjure dipasrahake marang guru, kareben sinau.
Suwe-suwe kanggep kapinterane, banjur diangkat dadi
panggedhening desa. Antara limang taun anggone dadi
panggedhening desa, Si Dite digugat dening wong sadesa, jalaran
olehe sawenang-wenang marang darbeking liyan. Wusanane Si Dite
kabuwang sarta kacopot saka kalungguhane.
Satemene Si Dite iku anake maling. Maling mau mati marga
ditumbak dening wong desa. Saking alaning kalakuwane, nganti ora
ana kang sudi ngopeni anak-turune, ya si Dite mau. Mulane bener
ujaring paribasan: kacang mangsa ninggala lanjaran. Dite, si anak,
diupamakake kacang, kang ora bakal beda kelakuwane karo
bapake. Bapake, kang dhemen maling mau, diupamakake lanjaran,
papan winih, prambatane kacang panjang.
Kaloro:
Bab paribasan : Kakehan gludhug kurang udan, dijupuk saka buku
crita ngenani sawijining bocah desa kang seneng mblenjani janji.
Ana bocah kang aran Si Thukul, senenge sok ngumbar
kasaguhan marang kanca-kancane. Nanging kasaguhan mau ora
tau temen, mung waton muni wae. Ing wayah sore Si Thukul dolan
ing alun-alun karo bocah akeh. Ing kono metu kasaguhane maneh,
tembunge: “Heh kanca, mengko bengi menyanga omahku,
dakwenehi buku wacan siji-siji”. Bareng bengi kanca-kancane teka
temenan. Nanging Si Thukul digoleki ora ana, ndhelik ing buri
omah. Dheweke sumelang yen ditagih janjine, awit satemene ora
duwe buku wacan. Kanca-kancane muring-muring, banjur padha
bali karo clathu: “Si Thukul kuwi ora sapisan iki wae olehe ngumbar
janjine. Kabeh ora dituhoni. Dhasar bocah kakehan gludhug
kurang udan. Kuwi gambaran kanthi unen-unen tumrap patrape
Thukul.
(Serat Paribasan,
Dening Aryasutirta, 1931 : 788)
Unen-unen “kakehan gludhug kurang udan” sajerone teks
mau, tegese: kakehan omong nanging ora ana bukti nyatane.
Omongan, janji, dipindhakake gludhug sing banter swarane.
Kurang udan mindhakake bukti nyata saka janjine mau.
Saka cathetan utawa katrangan mau bisa dingerteni yen
paribasan iku mujudake perangan basa (wujude ukara utawa
tetembungan) sajrone teks, arupa basa pinathok, panganggone
tetep, lan digunakake kanggo nambah endahe teks wacan, utawa
mbangetake surasane kahanan, wewatakan, utawa tumindake
paraga