Teks Informasi

 Teks bisa wujud lisan bisa uga wujud tulisan utawa gambar. Tujuan panulise teks nginformasekake apa bae. Teks informasi bisa wujud teks narasi faktual, teks dheskripsi, lan teks persuasi. 

Teks narasi faktual tuladhane teks pawarta, pengalaman pribadi, lan profil tokoh. Teks dheskripsi yaiku teks kang ngandharake samubarang apa anane, bisa lelakon, barang, lan bisa apa bae sing dadi lesan (sesuatu, keadaan, tempat, barang, orang). Dene teks persuasi isi lan andharane ngajak-ajak, narik kawigatene liyan, ngyakinane, lan ndayani.

Teks narasi faktual lan teks dheskripsi wis nate disinaoni sadurunge kelas enem. Teks informasi sing bakal disinaoni ing pamulangan iki mligi ngenani teks pawarta lan persuasi, slogan, lan iklan. Bocah-bocah, ayo bebarengan maca teks ing ngisor iki kanthi titi!



Jenis Teks Informasi

Saben jinis teks informasi nduweni ciri-ciri utawa titikan mligi. Bisa katitik saka informasi sing diandharake uga bisa saka basa kang digunakake. 

Titikane teks Informasi:

Teks pawarta

  • Ngandharake fakta
  • Kamomot ana ing medhia cetak utawa elektronik
  • Isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat.

Teks Persuasi

Teks persuasif yaiku karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene, mangaribawani, lan ngyakinake sing maca. Wujud gancaran, isine bisa ngajak, ngelingake, mamerake, nawakake.

Sesanti/ Slogan

Slogan isine ngajak lan ngelingake.

Pariwara/Iklan 

Iklan kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku,lan digunakake. Tuladhane slogan, kayata: visi misi sekolah, visi misi instansi/perusahaan, partai politik, lan sapanunggalane. Iklan, tuladhane kaya: iklan sabun, iklan handpone, iklan panganan, lan sapanunggalane

Post a Comment

Previous Post Next Post